ANOMAN DHUTA
Ing taman Argosaka, nagara Ngalengka, Prabu Dasamuka masrahake
wanita sing dicidra, Dewi Sinta, marang keponakane, Dewi Trijatha. Dewi
Trijatha mbujuk supaya Dewi Sinta gelem dipundhut garwa dening Dasamuka,
ananging Dewi Sinta tetep kukuh ora gelem ngladeni omongane Dewi Trijatha.
Sailange Dewi Sinta, Prabu Rama tansah ngupadi murih enggal ketemune
Dewi Sinta. Dheweke wis oleh gegambaran saka manuk Jatayu yen Dewi Sinta
dicidra dening Raja Ngalengka kang aran Prabu Dasamuka. Mula Prabu Rama
didherekake adhine, Laksmana, lan Prabu Sugriwa sarta kabeh bala prajurit ing
Guwakiskendha nedya arep nglurug ing Ngalengka.
Ing tengahing laku, Prabu Rama sabalane ngedegake papan
panginepan sawetara ana ing Mangliawan. Sawise sumene sawetara, Prabu Rama
ngutus Anoman dadi dhuta murih nemoni Dewi Sinta ing Ngalengka. Bab iku
anjalari Anggada nduweni rasa iri marang Anoman. Banjur dumadi prang antarane
Anoman lan Anggada. Pramu Rama banjur ngrimuk Anggada lan agawe Anggada legawa.
Anggada bakal diwenehi tugas liyane kang uga wigati.
Lakuning Anoman tumuju ing Ngalengka akeh nemoni godha
rencana. Wiwitane dheweke ketemu karo Dewi Sayempraba, salah sijine garwane
Prabu Dasamuka. Anoman dibujuk lan disuguhi woh-wohan kang wis diwenehi racun.
Tundhone Anoman dadi wuta. Untunge Anoman ditulungi dening Sempati, manuk
raseksa kang nate dipilara dening Dasamuka nalika Sempati ngonangi Dasamuka anggone
nyidra Sinta. Sabanjure mripate Anoman bisa pulih kaya wingi uni saka
pitulungane Sempati. Anoman uga ditulungi dening Begawan Maenaka, sedulur
“tunggal bayu”-ne. Awit pitulungane Begawan Maenaka, Anoman bisa luwih gampang
tumekan ing Praja Ngalengka.
Sawise tekan ing Ngalengka, Anoman tumuju ing Taman Argosaka
nemoni Dewi Sinta kanthi nggawa ali-ali pawehing Prabu Rama. Jroning patemon
iku, Sinta masrahake susuk gelunge marang Anoman murih diaturake marang Prabu
Rama. Sinta uga nitip pesen marang Anoman supaya diaturake Prabu Rama, manawa dheweke
tetep setya tuhu marang garwane.
Sawise nindakake jejibahan minangka dutaning Rama, Anoman
banjur njarag murih dheweke kecekel dening prajurit Ngalengka. Anoman gawe
ada-ada, lan tundhone Anoman kapikut dening prajurit Ngalengka. Anoman banjur
diadhepake marang Prabu Dasamuka. Prabu Dasamuka muntab lan mrentahake supaya Anoman dipidana obong.
Anoman ora gigrig jalaran kabeh mau pancen wis dadi tujuane.
Dheweke njarag murih bisa gawe geger ing Ngalengka. Anoman banjur diobong
urip-uripan ing tengahing alun-alun. Amarga Anoman klebu kethek kang sekti
mandraguna, sawise wulune kobong, Anoman malih wujud dadi Anoman raseksa kang
gedhe banget. Geni kang ngobong buntute dikopat-kapitake lan kena sadhengah
wewangunan kang ana ing tengahing kutha, anjalari wewangunan-wewangunan iku
dadi rusak lan kobong gedhe.
Sawise gawe ontran-ontran ing praja Ngalengka, Anoman mbalik
maneh ngadhep Prabu Rama. Anoman kanthi tanggung jawab kang gedhe kasil
nindakake jejibahan dadi dhutaning Rama. ***
Materi Basa Jawa Kelas 7 SMP (Kaolah
saka maneka warna wacan, dening Nurwahyudi)