Sabtu, 10 Juni 2017

TULADHA TEKS CRITA WAYANG

ANOMAN DHUTA


Ing taman Argosaka, nagara Ngalengka, Prabu Dasamuka masrahake wanita sing dicidra, Dewi Sinta, marang keponakane, Dewi Trijatha. Dewi Trijatha mbujuk supaya Dewi Sinta gelem dipundhut garwa dening Dasamuka, ananging Dewi Sinta tetep kukuh ora gelem ngladeni omongane Dewi Trijatha.
Sailange Dewi Sinta, Prabu Rama tansah ngupadi murih enggal ketemune Dewi Sinta. Dheweke wis oleh gegambaran saka manuk Jatayu yen Dewi Sinta dicidra dening Raja Ngalengka kang aran Prabu Dasamuka. Mula Prabu Rama didherekake adhine, Laksmana, lan Prabu Sugriwa sarta kabeh bala prajurit ing Guwakiskendha nedya arep nglurug ing Ngalengka.
Ing tengahing laku, Prabu Rama sabalane ngedegake papan panginepan sawetara ana ing Mangliawan. Sawise sumene sawetara, Prabu Rama ngutus Anoman dadi dhuta murih nemoni Dewi Sinta ing Ngalengka. Bab iku anjalari Anggada nduweni rasa iri marang Anoman. Banjur dumadi prang antarane Anoman lan Anggada. Pramu Rama banjur ngrimuk Anggada lan agawe Anggada legawa. Anggada bakal diwenehi tugas liyane kang uga wigati.
Lakuning Anoman tumuju ing Ngalengka akeh nemoni godha rencana. Wiwitane dheweke ketemu karo Dewi Sayempraba, salah sijine garwane Prabu Dasamuka. Anoman dibujuk lan disuguhi woh-wohan kang wis diwenehi racun. Tundhone Anoman dadi wuta. Untunge Anoman ditulungi dening Sempati, manuk raseksa kang nate dipilara dening Dasamuka nalika Sempati ngonangi Dasamuka anggone nyidra Sinta. Sabanjure mripate Anoman bisa pulih kaya wingi uni saka pitulungane Sempati. Anoman uga ditulungi dening Begawan Maenaka, sedulur “tunggal bayu”-ne. Awit pitulungane Begawan Maenaka, Anoman bisa luwih gampang tumekan ing Praja Ngalengka.
Sawise tekan ing Ngalengka, Anoman tumuju ing Taman Argosaka nemoni Dewi Sinta kanthi nggawa ali-ali pawehing Prabu Rama. Jroning patemon iku, Sinta masrahake susuk gelunge marang Anoman murih diaturake marang Prabu Rama. Sinta uga nitip pesen marang Anoman supaya diaturake Prabu Rama, manawa dheweke tetep setya tuhu marang garwane.
Sawise nindakake jejibahan minangka dutaning Rama, Anoman banjur njarag murih dheweke kecekel dening prajurit Ngalengka. Anoman gawe ada-ada, lan tundhone Anoman kapikut dening prajurit Ngalengka. Anoman banjur diadhepake marang Prabu Dasamuka. Prabu Dasamuka muntab lan  mrentahake supaya Anoman dipidana obong.
Anoman ora gigrig jalaran kabeh mau pancen wis dadi tujuane. Dheweke njarag murih bisa gawe geger ing Ngalengka. Anoman banjur diobong urip-uripan ing tengahing alun-alun. Amarga Anoman klebu kethek kang sekti mandraguna, sawise wulune kobong, Anoman malih wujud dadi Anoman raseksa kang gedhe banget. Geni kang ngobong buntute dikopat-kapitake lan kena sadhengah wewangunan kang ana ing tengahing kutha, anjalari wewangunan-wewangunan iku dadi rusak lan kobong gedhe.
Sawise gawe ontran-ontran ing praja Ngalengka, Anoman mbalik maneh ngadhep Prabu Rama. Anoman kanthi tanggung jawab kang gedhe kasil nindakake jejibahan dadi dhutaning Rama. ***
     Materi  Basa Jawa Kelas 7 SMP (Kaolah saka maneka warna wacan, dening Nurwahyudi)