Sabtu, 10 Juni 2017

TULADHA TEKS CRITA WAYANG

ANOMAN DHUTA


Ing taman Argosaka, nagara Ngalengka, Prabu Dasamuka masrahake wanita sing dicidra, Dewi Sinta, marang keponakane, Dewi Trijatha. Dewi Trijatha mbujuk supaya Dewi Sinta gelem dipundhut garwa dening Dasamuka, ananging Dewi Sinta tetep kukuh ora gelem ngladeni omongane Dewi Trijatha.
Sailange Dewi Sinta, Prabu Rama tansah ngupadi murih enggal ketemune Dewi Sinta. Dheweke wis oleh gegambaran saka manuk Jatayu yen Dewi Sinta dicidra dening Raja Ngalengka kang aran Prabu Dasamuka. Mula Prabu Rama didherekake adhine, Laksmana, lan Prabu Sugriwa sarta kabeh bala prajurit ing Guwakiskendha nedya arep nglurug ing Ngalengka.
Ing tengahing laku, Prabu Rama sabalane ngedegake papan panginepan sawetara ana ing Mangliawan. Sawise sumene sawetara, Prabu Rama ngutus Anoman dadi dhuta murih nemoni Dewi Sinta ing Ngalengka. Bab iku anjalari Anggada nduweni rasa iri marang Anoman. Banjur dumadi prang antarane Anoman lan Anggada. Pramu Rama banjur ngrimuk Anggada lan agawe Anggada legawa. Anggada bakal diwenehi tugas liyane kang uga wigati.
Lakuning Anoman tumuju ing Ngalengka akeh nemoni godha rencana. Wiwitane dheweke ketemu karo Dewi Sayempraba, salah sijine garwane Prabu Dasamuka. Anoman dibujuk lan disuguhi woh-wohan kang wis diwenehi racun. Tundhone Anoman dadi wuta. Untunge Anoman ditulungi dening Sempati, manuk raseksa kang nate dipilara dening Dasamuka nalika Sempati ngonangi Dasamuka anggone nyidra Sinta. Sabanjure mripate Anoman bisa pulih kaya wingi uni saka pitulungane Sempati. Anoman uga ditulungi dening Begawan Maenaka, sedulur “tunggal bayu”-ne. Awit pitulungane Begawan Maenaka, Anoman bisa luwih gampang tumekan ing Praja Ngalengka.
Sawise tekan ing Ngalengka, Anoman tumuju ing Taman Argosaka nemoni Dewi Sinta kanthi nggawa ali-ali pawehing Prabu Rama. Jroning patemon iku, Sinta masrahake susuk gelunge marang Anoman murih diaturake marang Prabu Rama. Sinta uga nitip pesen marang Anoman supaya diaturake Prabu Rama, manawa dheweke tetep setya tuhu marang garwane.
Sawise nindakake jejibahan minangka dutaning Rama, Anoman banjur njarag murih dheweke kecekel dening prajurit Ngalengka. Anoman gawe ada-ada, lan tundhone Anoman kapikut dening prajurit Ngalengka. Anoman banjur diadhepake marang Prabu Dasamuka. Prabu Dasamuka muntab lan  mrentahake supaya Anoman dipidana obong.
Anoman ora gigrig jalaran kabeh mau pancen wis dadi tujuane. Dheweke njarag murih bisa gawe geger ing Ngalengka. Anoman banjur diobong urip-uripan ing tengahing alun-alun. Amarga Anoman klebu kethek kang sekti mandraguna, sawise wulune kobong, Anoman malih wujud dadi Anoman raseksa kang gedhe banget. Geni kang ngobong buntute dikopat-kapitake lan kena sadhengah wewangunan kang ana ing tengahing kutha, anjalari wewangunan-wewangunan iku dadi rusak lan kobong gedhe.
Sawise gawe ontran-ontran ing praja Ngalengka, Anoman mbalik maneh ngadhep Prabu Rama. Anoman kanthi tanggung jawab kang gedhe kasil nindakake jejibahan dadi dhutaning Rama. ***
     Materi  Basa Jawa Kelas 7 SMP (Kaolah saka maneka warna wacan, dening Nurwahyudi)

Minggu, 19 Juni 2016

Crita Rakyat Ngawi

Ing isor iki ana tuladha Crita Rakyat saka Ngawi, kang wis dijarwakake saka Basa Indonesia. Ayo disemak bebarengan !



Jaka Budhug dan Putri Kemuning
Kacarita ing salah sijine wewengkon ing Ngawi, Jawa Timur, ana raja ajejuluk Prabu Arya Seta ing Kraton Ringinanom. Prabu Arya Seta kalebu raja kang adil lan wicaksana. Dheweke duwe putri kang sulistya ing warni aran Putri Kemuning. Laras karo jenenge, badane putri iku arum pindha kembang kemuning.
Ing sawijining dina, Putri Kemuning nandhang lara kang aneh. Awake putri kemuning kang sadurunge angganda arum, dumadakan owah dadi ganda kang ora enak, banger lan bacin. Ngulati kahanan kang kaya mangkono mau, Prabu Arya Seta dadi sedhih banget, lan uga khawatir amarga ganda bacin mau bisa anjalari para pangeran ora gelem sesandhingan karo Putri Kemuning.
Kanggo ngawekani kahanan kang kaya mangkono mau, Sang Prabu golek maneka warna upaya, umpamane kanthi menehi obat-obatan tradhisional kang arupa kemangi lan beluntas. Nanging lelarane sang putri durung ilang. Sang Prabu uga wis nekakake tabib lan dhukun sing ana ing kratone, nanging ora siji-sijia sing kasil.
Sang Prabu saya goreh penggalihe. Dheweke kerep mikirake nasibe sang putrine. Ing sawijining wektu tuwuh pikirane Sang Prabu nedya semedi lan minta sraya sarta pituduh marang Gusti kang Akarya Jagad murih lelarane Putri Kemuning enggal sirna.
Ing tengahing wengi, Sang Prabu kanthi tekad kang kuat lan kayakinan kang suci nindakake semedi ing sajroning papan sajroning keraton. Sajroning semedine, dumadakan keprungu wisik kanthi cetha ing talingane Sang Prabu.
“Rungokna, heh Prabu Arya Seta, obat kang bisa ngusadani lelarane putrimu iku mung ana sisi, yaiku godhong sirna ganda. Godhong iku mung thukul ana ing sajroning guwa ing sikiling gunung Arga Dumadi kang kajaga dening ula naga sekti lan bisa nyemburake geni”, mangkono piweling gaib kang bisa dirungokake dening Sang Prabu.
Sabanjure, ing wayah esuk sawise nampa swara gaib mau, Prabu Arya Seta ngumpulake kabeh rakyate ing alun-alun saperlu arep ngadani sayembara.
“He, kawulaku kabeh! Kowe kabeh mesthi wis ngerti bab lelarane putriku. Sawise mau bengi aku semedi minta sraya lan pituduh saka Gusti kang Murbeng Dumadi, aku oleh wisik yen putriku mung bisa kausadani nganggo godhong sirna ganda kang tuwuh ana ing guwa ing sikiling gunung Arga Dumadi. Sok sapaa kang bisa masrahake godhong mau kanggo putriku, yen lanang bakal dakdhaupake kalawan putriku, dene yen asipat wanita, dheweke bakal dakaangkat dadi anakku,” mangkono pangandikane Sang Prabu ing sangarepe kawulane.
Krungu sayembara mau, kabeh kawula ing Ringinanom dadi umyek. Pawarta bab sayembara mau enggal sumebar ing sakabehing tlatah Ringinanom lan kraton-kraton sakiwa tengene. Ananging ora kabeh warga wani melu sayembara mau jalaran para warga ngerti yen ing gua iku dijaga dening ula naga kang bisa nyemburake geni. Sanajan mangkono, akeh uga warga kang wani melu sayembara mau amarga kapilut karo bebungah kang bakal ditampa yen kasil golek godhong sirna ganda mau.
Salah sijine kawula Ringinanom kang kepengin melu sayembara mau aran Jaka Budhug. Jaka Budhug kalebu pemudha kang uripe kesrakat. Dheweke mapan ana ing omah gubug karo ibune ing sawijining desa kapencil ing tlatah Ringinanom. Pemudha mau karan Jaka Budhug amarga dheweke nduweni lelara budhug utawa gudhik ing sakojur badane. Lelara iku kasandhang wiwit dheweke lair. Sanajan duwe penyakit kang aneh, Jaka Budhug nduweni kasekten kang ngedab-edabi. Dheweke ulet lan gesit olah gegaman keris tetinggalane bapake. Kanthi kasekten lan kauletane iku, dheweke kepengin nulung sang Putri sanajan sejatine dheweke ngrasa isin marang kahanan awake.
Ing sawijining wektu, wong-wong melu sayembara wis ngumpul ana ing sikile gunung Arga Dumadi kanggo nguji kasektene dhewe-dhewe ngadhepi ula naga. Lan nganti dina kang kanem saka wiwitaning sayembara, durung pawongan kang kasil ngalahake ula naga. Kahanan mau anjalari Jaka Budhug dadi goreh lan kepikiran.
Ing dina kapitu, Jaka budhug kanthi tekad kang kuat diwanek-wanekake ngadhep sowan marang Sang Prabu. Ing sangarepe Prabu Arya Seta, dheweke nyuwun idi palilah anggone arep melu sayembara iku.
“Nyuwun deduka, Kanjeng. Keparenga kula nyuwun idi palilah ndherek sayembara menika kangge angenthengaken sangganing Sang Putri,” panyuwune Jaka Budhug. Prabu Arya Seta ora age-age mangsuli. Sang Prabu kami tenggengen nyawang kahanane Jaka Budhug kang awake kebak gudhik.
“He, sapa Kowe, pawongan mudha? Apa kang kok andelake kanggo melu sayembara iki lan ngalahake naga sekti iku?” pandangune Sang Prabu.
“Kula pun Jaka Budhug, Kanjeng. Kula badhe ngawonaken naga ngangge keris pusaka kula menika,” wangsulane Jaka Budhug kanthi nuduhake keris pusakane marang Sang Prabu.
Ing wiwitan, Prabu Arya Seta mangu-mangu marang kasektene Jaka Budhug, nanging sawise Jaka Budhug nuduhake keris pusakane, lan ngomongake tekad kang kuat, pungkasane Sang Prabu menehi idi palilah.
“Jaka Budhug, kowe tak idini. Tekadmu kang kuat iku anjalari aku ngabulake pepenginanmu melu sayembara iki. Muga-muga kowe bisa kasil!” pangucape San Prabu.
Jaka Budhug age-age mangkat ing guwa ing gunung Arga Dumadi kanthi tekad kang makantar-kantar. Sawise mlaku rada adoh, dheweke kasil tumekan ing sikile gunung Arga Dumadi. Saka kadohan, dheweke bisa nyumurupi geni semburane ula naga.
Jaka Budhug jumangkah alon nyedhaki naga iku kanthi ati-ati. Nalika Jaka Budhug nyedhak dumadakan si naga nyemburake geni. Jaka Budhug kasil mlumpat kanggo ngindhari semburan geni mau. Sang naga bola-bali nyemburake geni maneh, nanging kanthi cukat trengginas, Jaka Budhug pungkasane kasil  kasil nunjebake keris pusakane ing badane naga. Getih muncrat saka badane si naga. Puncratane getih mau ngenani tangane Jaka Budhug. Eloking kahanan, tangane Jaka Budhug kang kena getih mau sanalika owah dadi alus lan resik saka lelara budhugene.
Ndeleng kaelokan mau, Jaka Budhug saya manther tekade anggone mbrastha naga iku. Kanthi cukat, dheweke kasil nunjebake keris pusakane ing gulune naga. Getih mancur saka gulune naga mau. Naga mati sanalika iku. Jaka Budhug banjur njupuk getihing naga kang mancur mau lan ngusapake ing sakojur badane. Lan sanalika iku, badane Jaka Budhug dadi alus lan resik. Budhug kang ana ing badane wis ilang. Kanthi ilange budhug ing badane, Jaka Budhug malih dadi pemudha kang resik lan gantheng.
 Sawise kasil mateni ula naga, Jaka Budhug banjur methik godhong sirna ganda ing sajroning guwa lan bali ing kraton kanthi rasa seneng. Satekane ing kraton, Prabu Arya Seta kaget nyumurupi Jaka Budhug kang kulite dadi resik. Meh wae Sang Prabu ora percaya. Nanging sawise Jaka Budhug nyaritakake kabeh kedadeyan kang dialami ing gunung Arga Dumadi, Sang Prabu lagi percaya lan gumun banget.
Jaka Budhug banjur masrahake godhong sirna ganda marang Sang Prabu. Lan Sang Prabu age-age ndhawuhi Putri Kemuning mangan godhong sirna ganda mau. Lan eloking kahanan, Putri Kemuning pulih waras kaya wingi uni, badane Sang Putri mbalik arum kaya arume kembang kemuning.
Sang Prabu Arya Seta anetepake yen Jaka Budhug kasil menangake sayembarane. Laras karo janjine, Sang Prabu banjur nikahake Jaka Budhug klawan putrine si Putri Kemuning.
Sawetara wektu sawise Jaka Budhug lan Putri Kemuning didhaupake, Prabu Arya Seta tilar donya. Sawise iku Jaka Budhug diangkat minangka raja ing Kraton Ringinanom. Jaka Budhug lan Putri Kemuning urip kanthi bagya mulya.
Mangkono crita legendha Jaka Budhug lan Putri Kemuning. Pitutur kang bisa dijupuk saka crita mau mau ing antarane yaiku kautaman sipat kendel lan sipat teguh ing janji. Sipat kendel bisa kadeleng saka sipate Jaka Budhug kang kasil ngadhepi naga. Dene sipat teguh ing janji kadeleng saka sipate Prabu Arya Seta kang nikahake Jaka Budhug lan Putri Kemuning laras karo sayembarane.
(Dijarwakake dening Nurwahyudi saka : http://ceritarakyatnusantara.com/id/ folklore/206Jaka Budugdan Putri Kemuning)

Sabtu, 18 Juni 2016

Tuladha Geguritan (Puisi Jawa)



       Lempung Sakepel
                    Dening: Nurwahyudi

Ing tanganku dakgegem lempung sakepel
Dakremes, dakkuwel-kuwel
Ing pangangen pengin daksulap dadi sega pecel

Ing tanganku dakgegem lempung sakepel
Dakremes, dak kuwel-kuwel
Ing pikirku pengin dakcipta dadi sega sabuntel

Lempung iki
Kepelan iki
Kari endi sing rosa
Sapa kalah bakale mlumah
Sapa kesel bakale kecekel

Pengin rasane lempung sakepel iki
                        Dakramu murih bisa ngalahake pesthi